Jumat, 05 Desember 2008

SAJAK TEGALAN MASUDI Ach JEPARAN


Mas’udi Ach Jeparan

PAI

Pai, pantai alam indah
tempat rèkrèasi sing paling syuur
murid-murid wadon nakal nyebut Pai
pendidikan ajama islam

Adong pan ngajak mojok kanca-kanca Lanang
poyan wong tua alesané lès Pai
wong tua, guru ora ngarti yèn
murid-muridé rusak
wis apal maplak jaran-jaranan

Alhamdulillah saiki tahun 2008
Pai wis apik tertib lan aman
ana musik
ana alam bahari
ora ketinggalan uga
ana museum bahari

Wong tua wis ora miris maning
ndeleng grombolan bocah ramé sliweran
ésemé grapyaj
ngguyuné renyah
awaké trengginas
nalaré waras
nikmati indahé alam bahari
karo blajar neng museum bahari

Dikipasi nikmaté angin
lan ombak segara
ngilangna mumet ndina-wengi

Wouw ajib por-poran


tegal, 5 desember 2008


Foto : Mas'udi Ach Jeparan



0 komentar:


Free Blogger Templates by Isnaini Dot Com. Powered by Blogger and Free PDF Files