Rabu, 03 Desember 2008

SAJAK TEGALAN TAMBARI GUSTAM


Tambari Gustam

Pancèn hèbat wong Tegal

Wong Tegal kuwé pancèn hèbat
hèbat pancèn wong Tegal kuwé
bisa utak-atik apa baé
apa baé bisa diutak-atik

Gemiyèn kapal mabur ngebrok
diutak-atik dadi trèmos
hèbaté maning pit mustang kaya Jepang
jebulé gawèané Mustang Talang

Pancèn hèbat wong Tegal
wong Tegal pancèn hèbat
luwih hèbat ana dina sing didadèkna
Dina Sastra Tegalan

Jebulé dina mau diperingati karo
mringati dina lairé penyair tegalan
Lanang pancèn pinteran
pinteran Lanang gawé gara-gara

Gara-gara Lanang akèh pejabat
maca puisi tegalan
dudu puisi Brebesan atawa puisi Jakartanan

Apa ana puisi Slawinan?

Ah dasar Lanang wong Tegal sing olih
perhargaan seniman award
senengé gawé gara-gara

Pancèn hèbat wong Tegal


KETERANGAN GAMBAR : Tambari Gustam memberikan menyerahkan koran 'MUARA POST' kepada pemecah Rekor Baca Puisi Termala 4 Hari 4 Malam, Husin





0 komentar:


Free Blogger Templates by Isnaini Dot Com. Powered by Blogger and Free PDF Files